Ojo ngece karo wong ora nduwe Rojo brono yen mati ora di gowo Bebasan urip mong mampir ngombe Ngono kui jare pini sepuh kae Yen numpak sepur asepe metu nduwur Tiwas ajor mumur yen awak ora di ator Yen numpak motor asepe metu ngisor Urip ning alam ndonyo kudu sugih andhap asor Yen numpak becak asepe metu telak Ojo ngguyu ngakak yen urip lagi kepenak Yen numpak andong asepe metu mbokong Ojo plenggang plenggong Mengko mundak koyo grandong Dadi uwong ojo rumongso biso Nanging uwong seng biso rumongso Wong seng becik seng keno kebecikane Ngono kui jarene simbahku dewe Nek rujak nanas pantes di wadai gelas Tiwas adem panas seng di gagas ora waras Nek rujak dondong pantes diwadai lodong Ojo plenggang plenggong Mengko mundak koyo grandong Nek rujak mayit lalapane rumah sakit Binggung golek duit ngurusi barang kejepit Nek rujak mayet lalapane rumah sakit Binggung golek duit ngurusi barang kejepit Dadio wong seng becik Ojo do sirik opo-opo marai mangkel Mengko malah kowe dadi ngrundel Tiwas ngalah malah podo ngeyel Mulane kowe manuto wong tuo Ojo pisan-pisan kowe neko-neko Jaman saiki sitik-sitik metu ragat Urip’e ora tentrem malah kowe dadi njepat Mulakno-mulakno rasah do ngeyel Wong tuo le ngandani angel Bola bali bola bali kowe nglarani ati Wong tuomu nganti loro ati Ngalor ngidul ngulon ngetan Aku wis kenthir ra iso mikir Kiwo (kiwo) kiwo (kiwo) kluwer kluwer